Nglaroh panggenane Eyang Kyai Wiradiwongso ugi kasebat Eyang Raden Tumenggung Kudonowarso leluhure (Eyang Buyutipun Kyai Sosroredjo ing Dolopo). Nglaroh saiki kasebut Kecamatan Selogiri ing Kabupaten Wonogiri.
Ing ngisor iki sejarahipun Raden Mas Said sing didhereake Eyang Kyai Wiradiwongso kang perang klawan Kumpeni bangsa Walondo ing jaman palihan negari agung Mataram Jawi Islam kang dibagi telu dadi Kasultanan Yogyakarta, Kasunanan Surakarta, lan Kadipaten Mangkunagaran Solo).
Raden Mas Said, iya Raden Mas Suryakusuma, karo walando kasebut
Pangeran Sambernyowo, kang wekasane jumeneng Kangjeng Gusti Mangkunegara
I, iku jengkare saka Kartasura anjujug ing Nglaroh saka rembuge.
Siji, Raden Sutawijaya, anak bupati ing Kartasura, ora bisa anggenteni
dadi Bupati, nanging oleh tinggalan bondho, sugih dhuwit.
Loro, Kyai Wiradiwongso, pamane Raden Mas Suryakusuma dhewe saka tanah Nglaroh. Dununge tanah Nglaroh iku salore larikan gunung saka Wonogiri mangulon.
Akeh anak-anake priyayi ing Kartasura sing ndherekake Raden Mas Said
utawa Raden Mas Suryakusuma mau. Kajaba iku Kyai Wiradiwongso iya
nglumpukake santana ing Nglaroh, mulane Raden Mas Suryakusuma banjur
sugih bala. Yen awan padha digladhi perang, yen bengi padha nyenyuwun.
Ana sing sarana kungkum ing sendhang Tretes ing gunung Gajahmungkur,
sendhang Pancuran, sendhang Siwani sacedhake punthuk Tenongan. Sing
disesuwun, bisaa kalakon sedyane Den Mas Suryakusuma mau.
Bareng
bala wis katon santosa, Raden Sutawijaya banjur ditetepake dadi
panggedhening punggawa, salin jeneng aran Kyai Ngabei Ronggo
Panambangan. Dene Kyai Wiradiwongso diangkat dadi pepatih, aran Kyai
Ngabei Kudanawarsa. Tekaning jaman tentrem diangkat dadi Tumenggung ing
Keduwang. Sarehne Kyai Tumenggung Kudanawarsa iku asli Nglaroh, mulane
bareng seda, iya disarekake ana tanah Nglaroh, ing desa Mantenan. Malah
ing kono ana watu tilas palenggahane Raden Suryakusuma.
Pasareane Kyai Tumenggung Kudanawarso, foto taun 1930-an
Kajaba
iku Raden Mas Suryakusuma iya nyedhakake wong-wong tuwa, kena diguroni
lan ditakon- takoni, kaya upamane Kyai Kasan Nuriman. Iku pasareane ana
ing desa Karangtengah, iya ing tanah Nglaroh.
Pasareane Kyai Kasan Nuriman, foto taun 1930-an.
Malah jaman samana
Raden Mas Suryakusuma mundhut ampeyan anake Kyai Kasan Nuriman,
wekas-wekasane diangkat dadi garwa, peparab Raden Ayu Matahati, sumare
ana ing Gunungwijil, iya tanah Nglaroh.
Pasareane Raden Ayu Matahati, foto taun 1930-an.
Ana tanah Nglaroh, Radèn Mas Suryakusuma bisa katog anggone keklempak wadyabala, ingkang rayi loro diangkat, kajaba iku iya ngangkat punggawa cacah 22, lajeng bisa keklempak ngantos 40 punggawa cacahe, kabeh punggawa mau padha diparingi jeneng jaya-jaya, kaya ta: Jaya Prawira, Jaya Panantang, Jaya Pamenang, Jaya Leyangan, sapiturute.
Para punggawa lan wadyabala wis katon santosa lan prigel ulah gegaman, padha kepengin diajokake perang. Dhek samono ing Kartasura pinuju ana geger. Kaceluke diarani geger pacina. Bongsa Cina padha ngraman, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan nganti linggar menyang Panaraga, kraton Kartasura dijegi Cina, sing banjur ngangkat Raden Mas Garendi, jumeneng ratu asma Sunan Kuning. Nanging Ingkang Sinuhun Kangje Walandi, bisa wangsul maneh jumeneng ana Kartasura. Dene Sunan Kuning kengser, alihan ana desa Randhulawang.
Lah, nalika iku karsane Raden Mas Suryakusuma, arep
ngumpul Sunan Kuning, ngiras neter kekendelane wadyabala. Sunan Kuning
bungah, malah Raden Mas Suryakusuma banjur diangkat dadi senapati,
jejuluk: Pangeran Prangwadana.
Pangeran Prangwadana katon banget
kekendelane. Nanging balane Sunan Kuning ora kuwat nanggulangi bala
Kartasura lan Kumpeni, nganti Sunan Kuning kengser maneh saka
Randhulawang. Pangeran Prangwadana banjur kondur mênyang Nglaroh.
Ana ing Nglaroh dielud karo bala Kartasura lan Kumpeni. Banjur Pangeran
Prangwadana nusul Sunan Kuning menyang Kaduwang, malah banjur
andherekake tekan Panaraga, Madiun lan Caruban. Ana ing Caruban,
pepisahan. Sunan Kuning mangetan menyang Pasuruan, Pangeran Prangwadana
mangulon menyang tanah Sukawati, yasa padaleman ana Jatirata. Ditempuh
bala Kartasura lan Kumpeni, kengser menyang tanah Matesih, lerem ana
desa Sigawe.
Anuli utusan yasa padaleman ana Panambangan, dadi
bali menyang tanah Nglaroh maneh. Padalemane dirakit kaya kraton nganggo
alun-alun kanggo ajar-ajaran perang.
Nalika iku Kangjeng
Pangeran Prangwadana wis salin jejuluk Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, mangkono uga Kyai Ngabei Kudanawarsa diangkat dadi
Tumenggung. Sarta Kyai Ngabèi Ronggo Panambangan salin jeneng Tumenggung
Surawijaya.
Sabên taun ing sasi Sapar, akèh
wong padha mêmule mênyang gunung Wijil pasareyane Radèn Ayu Matahati, banjur
ana priyayi pangrèh praja sing duwe ada, bab mêmule mau digêdhèkake, nganggo
dianakake pasar malêm, papane ana ngarêp kapanèwon Selagiri, mangkono iku
andadèkake kêparênge nagara (Praja Mangkunagaran). Malah para panggêdhe
kaparêng yasa têtêngêr pisan, dhapur kang wujud
"Tugu Pêpundhèn" ing saiki dina kasebut "Tugu Pusaka
Selagiri", minăngka kagem pangeling-eling jumênênge Kangjêng Gusti Pangeran
Adipati Arya Mangkunagara kaping I ugi asma Kanjeng Gusti Pangeran Sambêrnyawa,
dhèk taun 1936 dipasang pandhêmène, pambukake diasta dhewe marang Kangjêng
Gusti Pangeran Adipati Aryo Mangkunagara kaping VII.
Tugu Pêpundhèn ing Nglaroh, Tugu pèngêtan jumênêngan Kangjêng Gusti Sambêrnyawa.
Kaanane pasar malêm lan karamean
mau. Bango-bango pasar, kanggo panggonan mitongtonake barang gêgawean,
woh-wohan lan pamêtuning lêmah liyane:
Barang-barang padhas saka
Wuryancara, kaya ta: pot, rêca, kijing, malah ana wong sing panuju anggarap
barang padhas mau. Mangkono uga wayang, ana wong sing lagi natah lan nyungging.
Jarik bathik lan êcap saka Matesih. Lurik saka Betal lan Tasikmadu. Barang wêsi
lan kayu, kaya ta: kathil, pancak suji, meja kursi, gaweane murid patukangan
ing Calamadu. Isih akèh manèh barang-barang gawean. Nganti wong-wong padha
kêpengin tuku. Karsane sing gawe tontonan: wong-wong padha kêtarika atine duwe
katabêrèn bisa gawe kaya ngono.
Ana manèh tontonan kewan. Sing
padha duwe turunan saka sapi pamacêk, didhawuhi anggawa mênyang pasar malêm,
sing apik dhewe, tămpa ganjaran, mulane sapi-sapi sing ditontonake mau iya
apik-apik kabèh. Ana papan jêmbar, dikothak-kothak ditanduri sawarnane
tanduran, panggarape dituntuni dêmang tani lan priyayi sing luwih mangrêti
manèh, mula tanduran mau kabèh andêmênakake.
Lah, karameane: ana gambar idhup,
wayang, kêthoprak, dhogèr sapêpadhane. Saiki pasamuan rawuh dalêm sampeyan dalêm
kangjêng gusti sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur. Dina Ngahat
surya kaping 3 Mèi 1936, wayah jam pitu esuk, para priyayi kakung putri wis
andhèr ana ngarêp tugu pêpundhèn. Prajurit Mangkunagaran samusike, kyai pangulu
saandhahane para ngulama, ing dalan saubênge papan sing diêdêgi tugu, kêbak
barisan kridha mudha lan padpindêr.
Rawuh dalêm kangjêng gusti nitih
oto, têkane Selagiri dijajari para satriya nunggang jaran tèji. Sawise kangjêng
gusti ambikak tugu, banjur lênggah ing panggung sajroning pasar malêm. Wah, la
kuwi, dhi, karameane apik bangêt. Para satriya mitongtonake kaprigêlane
nunggang jaran. Para padpindêr, kridha mudha, padha manêmbrama, baris, ulahraga
warna-warna. Ana manèh balapan lumayu saka gunung Tenongan.
Kapundhut saking majalah Bocah
Mangkunagaran, anggitaniupun Yasawidagda, 1937,
wedalan Bale Pustaka, Batawi Sentrem.
Nuwum sewu, foto ingkang paling ngandhap punika sanes foto pura Mangkunagaran, ananging punika foto Kepatihan Surakarta.
BalasHapusSalam saking kula, ing bumi Keduwang (tilas lenggahipun Kyai Tumenggung Kudanawarsa, bupati Keduwang ingkang ugi dados patih Mangkunagaran ingkang sepisanan).
oh inggih maturnuwun, selekasipun dalem gantos/hapus...
HapusSugeng tetepangan ugi Mas 🙏😊
HapusKomentar ini telah dihapus oleh pengarang.
BalasHapus