Kamis, 30 Agustus 2018

PETILASAN-PETILASAN ING NGLAROH


Nglaroh panggenane Eyang Kyai Wiradiwongso ugi kasebat Eyang Raden Tumenggung Kudonowarso leluhure (Eyang Buyutipun Kyai Sosroredjo ing Dolopo). Nglaroh saiki kasebut Kecamatan Selogiri ing Kabupaten Wonogiri.

Ing ngisor iki sejarahipun Raden Mas Said sing didhereake Eyang Kyai Wiradiwongso kang perang klawan Kumpeni bangsa Walondo ing jaman palihan negari agung Mataram Jawi Islam kang dibagi telu dadi Kasultanan Yogyakarta, Kasunanan Surakarta, lan Kadipaten Mangkunagaran Solo).

Raden Mas Said, iya Raden Mas Suryakusuma, karo walando kasebut Pangeran Sambernyowo, kang wekasane jumeneng Kangjeng Gusti Mangkunegara I, iku jengkare saka Kartasura anjujug ing Nglaroh saka rembuge.

Siji, Raden Sutawijaya, anak bupati ing Kartasura, ora bisa anggenteni dadi Bupati, nanging oleh tinggalan bondho, sugih dhuwit.

Loro, Kyai Wiradiwongso, pamane Raden Mas Suryakusuma dhewe saka tanah Nglaroh. Dununge tanah Nglaroh iku salore larikan gunung saka Wonogiri mangulon.

Akeh anak-anake priyayi ing Kartasura sing ndherekake Raden Mas Said utawa Raden Mas Suryakusuma mau. Kajaba iku Kyai Wiradiwongso iya nglumpukake santana ing Nglaroh, mulane Raden Mas Suryakusuma banjur sugih bala. Yen awan padha digladhi perang, yen bengi padha nyenyuwun. Ana sing sarana kungkum ing sendhang Tretes ing gunung Gajahmungkur, sendhang Pancuran, sendhang Siwani sacedhake punthuk Tenongan. Sing disesuwun, bisaa kalakon sedyane Den Mas Suryakusuma mau.

Bareng bala wis katon santosa, Raden Sutawijaya banjur ditetepake dadi panggedhening punggawa, salin jeneng aran Kyai Ngabei Ronggo Panambangan. Dene Kyai Wiradiwongso diangkat dadi pepatih, aran Kyai Ngabei Kudanawarsa. Tekaning jaman tentrem diangkat dadi Tumenggung ing Keduwang. Sarehne Kyai Tumenggung Kudanawarsa iku asli Nglaroh, mulane bareng seda, iya disarekake ana tanah Nglaroh, ing desa Mantenan. Malah ing kono ana watu tilas palenggahane Raden Suryakusuma.

Pasareane Kyai Tumenggung Kudanawarso, foto taun 1930-an

Kajaba iku Raden Mas Suryakusuma iya nyedhakake wong-wong tuwa, kena diguroni lan ditakon- takoni, kaya upamane Kyai Kasan Nuriman. Iku pasareane ana ing desa Karangtengah, iya ing tanah Nglaroh.

Pasareane Kyai Kasan Nuriman, foto taun 1930-an.

Malah jaman samana Raden Mas Suryakusuma mundhut ampeyan anake Kyai Kasan Nuriman, wekas-wekasane diangkat dadi garwa, peparab Raden Ayu Matahati, sumare ana ing Gunungwijil, iya tanah Nglaroh.

Pasareane Raden Ayu Matahati, foto taun 1930-an.

Ana tanah Nglaroh, Radèn Mas Suryakusuma bisa katog anggone keklempak wadyabala, ingkang rayi loro diangkat, kajaba iku iya ngangkat punggawa cacah 22, lajeng bisa keklempak ngantos 40 punggawa cacahe, kabeh punggawa mau padha diparingi jeneng jaya-jaya, kaya ta: Jaya Prawira, Jaya Panantang, Jaya Pamenang, Jaya Leyangan, sapiturute.

Para punggawa lan wadyabala wis katon santosa lan prigel ulah gegaman, padha kepengin diajokake perang. Dhek samono ing Kartasura pinuju ana geger. Kaceluke diarani geger pacina. Bongsa Cina padha ngraman, Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan nganti linggar menyang Panaraga, kraton Kartasura dijegi Cina, sing banjur ngangkat Raden Mas Garendi, jumeneng ratu asma Sunan Kuning. Nanging Ingkang Sinuhun Kangje Walandi, bisa wangsul maneh jumeneng ana Kartasura. Dene Sunan Kuning kengser, alihan ana desa Randhulawang.

Lah, nalika iku karsane Raden Mas Suryakusuma, arep ngumpul Sunan Kuning, ngiras neter kekendelane wadyabala. Sunan Kuning bungah, malah Raden Mas Suryakusuma banjur diangkat dadi senapati, jejuluk: Pangeran Prangwadana.

Pangeran Prangwadana katon banget kekendelane. Nanging balane Sunan Kuning ora kuwat nanggulangi bala Kartasura lan Kumpeni, nganti Sunan Kuning kengser maneh saka Randhulawang. Pangeran Prangwadana banjur kondur mênyang Nglaroh.

Ana ing Nglaroh dielud karo bala Kartasura lan Kumpeni. Banjur Pangeran Prangwadana nusul Sunan Kuning menyang Kaduwang, malah banjur andherekake tekan Panaraga, Madiun lan Caruban. Ana ing Caruban, pepisahan. Sunan Kuning mangetan menyang Pasuruan, Pangeran Prangwadana mangulon menyang tanah Sukawati, yasa padaleman ana Jatirata. Ditempuh bala Kartasura lan Kumpeni, kengser menyang tanah Matesih, lerem ana desa Sigawe.

Anuli utusan yasa padaleman ana Panambangan, dadi bali menyang tanah Nglaroh maneh. Padalemane dirakit kaya kraton nganggo alun-alun kanggo ajar-ajaran perang.

Nalika iku Kangjeng Pangeran Prangwadana wis salin jejuluk Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara, mangkono uga Kyai Ngabei Kudanawarsa diangkat dadi Tumenggung. Sarta Kyai Ngabèi Ronggo Panambangan salin jeneng Tumenggung Surawijaya.

Sabên taun ing sasi Sapar, akèh wong padha mêmule mênyang gunung Wijil pasareyane Radèn Ayu Matahati, banjur ana priyayi pangrèh praja sing duwe ada, bab mêmule mau digêdhèkake, nganggo dianakake pasar malêm, papane ana ngarêp kapanèwon Selagiri, mangkono iku andadèkake kêparênge nagara (Praja Mangkunagaran). Malah para panggêdhe kaparêng yasa têtêngêr pisan, dhapur kang wujud  "Tugu Pêpundhèn" ing saiki dina kasebut "Tugu Pusaka Selagiri", minăngka kagem pangeling-eling jumênênge Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara kaping I ugi asma Kanjeng Gusti Pangeran Sambêrnyawa, dhèk taun 1936 dipasang pandhêmène, pambukake diasta dhewe marang Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Aryo Mangkunagara kaping VII.

Tugu Pêpundhèn ing Nglaroh, Tugu pèngêtan jumênêngan Kangjêng Gusti Sambêrnyawa.

Kaanane pasar malêm lan karamean mau. Bango-bango pasar, kanggo panggonan mitongtonake barang gêgawean, woh-wohan lan pamêtuning lêmah liyane:

Barang-barang padhas saka Wuryancara, kaya ta: pot, rêca, kijing, malah ana wong sing panuju anggarap barang padhas mau. Mangkono uga wayang, ana wong sing lagi natah lan nyungging. Jarik bathik lan êcap saka Matesih. Lurik saka Betal lan Tasikmadu. Barang wêsi lan kayu, kaya ta: kathil, pancak suji, meja kursi, gaweane murid patukangan ing Calamadu. Isih akèh manèh barang-barang gawean. Nganti wong-wong padha kêpengin tuku. Karsane sing gawe tontonan: wong-wong padha kêtarika atine duwe katabêrèn bisa gawe kaya ngono.

Ana manèh tontonan kewan. Sing padha duwe turunan saka sapi pamacêk, didhawuhi anggawa mênyang pasar malêm, sing apik dhewe, tămpa ganjaran, mulane sapi-sapi sing ditontonake mau iya apik-apik kabèh. Ana papan jêmbar, dikothak-kothak ditanduri sawarnane tanduran, panggarape dituntuni dêmang tani lan priyayi sing luwih mangrêti manèh, mula tanduran mau kabèh andêmênakake.

Lah, karameane: ana gambar idhup, wayang, kêthoprak, dhogèr sapêpadhane. Saiki pasamuan rawuh dalêm sampeyan dalêm kangjêng gusti sakalihan garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur. Dina Ngahat surya kaping 3 Mèi 1936, wayah jam pitu esuk, para priyayi kakung putri wis andhèr ana ngarêp tugu pêpundhèn. Prajurit Mangkunagaran samusike, kyai pangulu saandhahane para ngulama, ing dalan saubênge papan sing diêdêgi tugu, kêbak barisan kridha mudha lan padpindêr.

Rawuh dalêm kangjêng gusti nitih oto, têkane Selagiri dijajari para satriya nunggang jaran tèji. Sawise kangjêng gusti ambikak tugu, banjur lênggah ing panggung sajroning pasar malêm. Wah, la kuwi, dhi, karameane apik bangêt. Para satriya mitongtonake kaprigêlane nunggang jaran. Para padpindêr, kridha mudha, padha manêmbrama, baris, ulahraga warna-warna. Ana manèh balapan lumayu saka gunung Tenongan.

 

Kapundhut saking majalah Bocah Mangkunagaran, anggitaniupun Yasawidagda, 1937, 
wedalan Bale Pustaka, Batawi Sentrem.


















DUKUH SANGGRAHAN TEMPAT ASAL IBUNDA PAHLAWAN NASIONAL H. Dr. R. SOEHARTO SASTROSOEYOSO

Ibundanya memiliki bakat dalam mengobati dan menyembuhkan orang sakit, ternyata pekerjaan mulia tersebut menurun kepada putranya H. Dr. R. S...